-->

Billboard Ads

Poro Kawulone Allah 
Tansah podho takwao marang Alloh kelawan sak temen-temene takwa, monggo ngelakoni perintah-perintahe Allah lan ngedohi larang-larangane Allah, kerono sak temene ora ono keuntungan kang luweh gedhe ngungkuli toat marang Alloh lan ora ono bahaya kang luweh gedhe ngungkuli tumindak maksiat marang Allah SWT, 
Poro Kawulone Allah 
Monggo podo syukur dumateng Allah SWT, krono Allah wes nggampangake kulo lan panjenengan sedoyo teko ono ing majlis Jum’atan iki, ing ndalem majlis Jum’atan iki, ono anugrah-anugrah, ono fadhilah-fadhilah kang gedhe banget. Dino jum’at iki dino kang banget mulyane, ora ono dino kang luweh mulyo ngungkuli dino Jumat, dino jum’at iki dino sejarah, ngelengake kitho marang sejarah wujude menungso. Di ngendika’ake ing ndalem sewijine hadits, sak temene Allah SWT nggawe mbah kitho Adam AS, ing ndalem dino Jum’at, sehinggo ing ndalem dino jum’at iki kitho kelingan marang mbah kitho, kelingan sak temene kitho iki makhluke Allah kang dimulya’ake, kerono kito iki nasabe nasab kang mulyo, yoiku keturunane nabi lan Rosul yoiku Adam AS, 
Poro Kawulone Allah 
Ing ndalem Jum’at iki kitho ugo ngelingi akhire jagad iki, di ngendika’ake ing ndalem sewijine hadits, sak temene ing ndalem dino jum’at ugo Allah bakal ngancurake jagat iki, tegese kiyamat, sehinggo kitho mandeng jagat iki kanthi bener, dunyo iki ora ono regane, kemulyaane dunyo iki dudu kemulyaan kang sak temene. 
Poro Kawulone Allah Dini jum’at iki ugo dino kang ing ndalem dino iki, kitho ngumpulake sak mulyane-mulyane amal kanggo kawulane Alloh yoiku sholat jum’at ngibadah kang banget mulyane. 
Poro Kawulone Allah Lan ugo ing ndalem dino Jum’at iki kitho ngumpulake usaha kang paling mulyo kang diparingake deneng Alloh marang menungso yoiku usahane kanjeng Nabi Agung SAW, yoiki eling-elingan ing ndalem nglakoni agamane Allah. 
Poro Kawulone Allah Lan isih ono kemulyaan-kemulyaan kang ghoib, fadhilah-fadilah kang ghoib ing ndalem dino jum,at iki, dingendika’ake ing ndalem dino jum’at iki ono wektu-wektu mustajab. Wektu seng dongane wong iku mesti diiajabahi marang Alloh SWT, tetapi wektu iku dirahasiaake deneng Alloh, sebagian ulama ngendika’ake wektu khutbah, sebagian ngendika’ake wektu antara ashar lan magrib, Mulo ing ndalem wektu khutbah lan wektu ba’da aashar dino Jum’at iki wektune ndungo marang Alloh, menowo dungo-dungo kitho di ijabahi deneng Alloh. 
Poro Kawulone Allah 
Kemulyaan dino jum’at iki ora mung ing ndalem dino jum’at wahe, tetapi mulai malem jum’at wus ono kemulyaan-kemulyaane. Di ngendika’ake ing ndalem sewijine hadist, sak temene ing ndalem dino jum’at iku ono 24 jam lan ing ndalem setiap jam iku Alloh SWT merdeka’ake 600,000 wong soko nerokone Alloh SWT. 
Poro Kawulone Allah 
Sak mestine wong-wong iman iku nemen-nemeni dino jum’at ora iso leren ngamal ing ndalem dino jum’at kerono agunge fadilah-fadilah kang diparingake deneng Allh ing ndalem dino Jumat. 
Poro Kawulone Allah Ono meneh fadilah kang agung, yoiku kang diriwayatake deneng abdullah ibn amr ibn ash ra, ing ndalem hadist kang shohih, kanjeng nabi dawuh sopo wonge adus ing ndalem dino jum’at tumuli nyedak, maksute usaha manggon ono shof-shof ngarep lan berangkat ing ndalem wektu esuk, ngrungokae khutbah kanthi sak temen-temene, mengko setiap langkah berangkate tumuju masjid nglakoni jum’atan di etung ganjarane koyo dene sholat wengi lan poso setahun, dadi sopo wong kang mangkat jum’atan manggon shof paling ngarep dewe, mongko Alloh ganjar pahala podo karo sholat wengi lan poso setahun, iki hadist shohih kang diriwayatake deneng Imam Ahmad Rah. 
Poro Kawulone Allah Lagi aduse wahe poro kawulane Alloh, di critak’ake ing ndalem sewijine hadist, wong kang adus ing ndalem dino jum’at dosa-dosane bakal disepuro kabeh deneng Allah swt, olehe nyabut soko pok-pok’ane rabumbute kabeh, dadi doso-dosa seng dilakoni kabeh dingapuro deneng Allah, mongko ayo podo ninda’ake sholat jum’at kanthi bener, yaoiku mangkat tumuju masjid paling awal, supoyo enthuk pahala, kabeh doso dingapuro deneng Allah, sak akeh-akehe doso bakal dingapuro, yen panjenengan mangkal awal wektu, lan oleh panggonan shof seng paling ngarep dewe, 
Poro Kawulone Allah 
Ing ndalem dino jum’at iki kitho ugo di sunahake gawe kesenengan kanggo konco-konco islam kitho kelawan nganggo wangi-wangian supoyo pertemuan kitho iki ora ndadek’ake gangguan marang konco-konco islam kitho, lan ugo ndadekne senenge poro malaikat. 
Ringkese Poro Kawulone Allah 
Umpomo poro menungso iku ngerti koyo opo kemulyaan lan keagungan jum’atan tentu wong-wong podho nemen-nemeni olehe jum’atan koyo dene kang dilakoni deneng wong-wong shokeh biyen, esuk-esuk ba’da shubuh wus berangkat jum’atn kelawan nggowo oncor kerono ngerti fadhilahe jum’atan. 
Poro Kawulone Allah 
Sampek dicerita’ake ing ndalem sewijine hadist, sak temene wong-wong kang nemen-nemeni masalah jum’atan, mengko ono ing oro-oro mahsyar bakal diwujudake,diweruhake arupo mahkluk kang endah banget, kang putih banget ngungkuli es, kang luweh wangi ngungkuli kasturi, didadek’ake tunggangane wong-wong ahli jum’atan tumuju marang suwargane Alloh. Naliko wong-wong isih podo kepanasen ono ing oro-oro mahsyar. 
Poro Kawulone Allah 
Piro wae manungso kang jum’atan wingi isih bareng kalian kitho sak iki sampun sowan ono ngersane ndalem Alloh SWT. Mulo wong kang untung yoiku wong kang cepet-cepet ngakehi ngamal sak durunge ora ono kesempatan kanggo amal, yoiku mati, mongko poro sederek sedoyo monggo mumpung nyowo sik gumatung ono ing rogo, monggo sareng-sareng sregep ngamal, supado dados tiang iknag untung, dunyo lan akheratipun, kerono syaiton usaha supoyo kitho, nunda amal sehinggo kitho mati ing ndalem kebingungan, Poro Kawulone Allah 
Supados kitho mati dalam keadaan tersenyum-senyum dikubur kitho, monggo sareng-sareng amalkan agama, Monggo Dakwahkan agama, hidupkan taklim dirumah-rumah, dimasjid-masjid dikampung-kampung agar hidup kita dapat hidayah, amin yarobal alamin. 

Khutbah Jum'at Pesantren Temboro Magetan Keutamaan Jum'atan
Kalau ada teks yang keliru mohon koreksinya, syukron